--> Pasinaon 1 Modhel Teks Pinilih, Teks Informasi, Teks Narasi, Teks Persuasi
Home Umum

CakMustop-  Kali ini saya ingin berbagi informasi tentang macam-macam teks informasi versi bahasa jawa kelas 6.


Informasi mengenai teks ini saya ambil dari salah satu buku silabus milik anak kelas 6. Bila kalian tertarik ingin mengetahui pengertian teks informasi, teks narasi, dan teks persuasi silahkan simak ulasan berbahasa jawa di bawah ini.

Baca Juga: Ngidentifikasi Titikane Teks Informasi Bahasa Jawa Kelas 6 SD

Teks Informasi

Teks bisa wujud lisan bisa uga wujud tulisan utawa gambar. Tujuan panulise teks nginformasekake apa bae. Teks informasi bisa wujud teks narasi faktual, teks dheskripsi, lan teks persuasi.

Teks narasi faktual tuladhane teks pawarta, pengalaman pribadi, lan profil tokoh, , teks dheskripsi yaiku teks kang ngandharake samubarang apa anane, bisa lelakon, barang, lan bisa apa bae sing dadi lesan (sesuatu, keadaan, tempat, barang, orang). Dene teks persuasi isi lan andharane ngajak-ngajak, narik kawigatane liyan, nyakinane, lan ndayani.

Tuladhane Teks Pawarta

Banjir Bandang lan Longsor Trenggalek

Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesan ringkas marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaitu kecamatan Munjungan, Gendangsari, lan Kapak.

Prahara banjir bandhang lan tanah longsor mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB, sawise udan deres meh sedino sewengi ora leren, Prahara lemah longsor kang nggawa korban jiwa 1 asal desa Senden kecamatan Kapak, lagi surut lan bisa ditangani ing dina Rabu, 17 Agustus 2016.

Prahara banjir bandhang medhotake kreteg ing dalan sing ngubungake kecamatan Kampak-Munjungna lan Kampan-Gandusari, uga nrendem ewonan omah, Pedhote tretek mau nyebabake bantuan kanggo korban prahara banjir bandhang sing diliwatake BPBD ora bisa dikirim kanthi lancar.

Tuladhane Teks Persuasi

Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan

Banyu mujudake sumber penguripan. Mahluk seng urip, ora bakal bisa urip tanpo banyu. Banyu seng dibutuhake, banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Nyatane ing zaman sak iki angel banget golek banyu kang resik bebas polusi. Tuk banyu wis entek kali akeh seng asat amargi wit - witan sing nandhon banyu wes entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amargo kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan ugo limbah pabrik.

Banyu kali kang kebek uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane seger dadi reged (tercemar). Supoyo ora kekurangan banyu resik ayo padha ngoipeni sumber banyu kanthi nandhur wit - witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbanh menyang kali Mula saka iku ayo bebareng gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

Sekian terimakasih, semoga artikel ini bisa bermanfaat.



Baca juga :

No comments

Post a Comment

to Top